Sawuse sawetara suwe kumpul karo para warga desa, Ki Pandanarum mersajakake kersane menawa arsa medharake piwulang babagan sangkan paraning dumadi, sarta kepriye carane ajen-ingajenan marang sapepadhane urip. Omah siji mbaka siji dirawuhi dening Pandanarum saperlu mbabar kawruh bab sangkan paraning dumadi, sarta tatacarane ngajeni liyan. Prasasat saben wengi datan ana dina gothang anggone Ki Pandanarum paring wulang wuruk mring para warga desa kono. Sawuse rinasa cukup anggone memucal, Ki Pandanarum mundhut pamit marang warga menawa kepengin semedi ing gubug satengahing alas. Ki Pandanarum manengku puja ngonjukake atur panuwun mring Hyang Widhi, dene wus dikeparengake paring kawruh babagan ilmu sangkan paraning dumadi. Saliyane ngaturake panuwun, Ki Pandanarum uga nyuwun agunging pangaksama anggone darbe panduga kang ora prayoga marang para warga ing desa kono. Ature Ki Pandanarum mangkene, "Dhuh Gusti, kula nyuwun pangapunten dene ngantos gadhah pangintent awon dhateng para warga mriki. Kula gadhah panginten bilih tiyang-tiyang sakiwa tengen panggenan mriki ketingal sereng lan galak kados landheping parang, nanging sejatosipun tetiyang mriki purun lan gampil dipuntata {ditata). Pinangka pratandha banget anggone keduwung marang kaluputane, Ki Pandanarum banjur paring tetenger marang papan kasebut dijenengke PARANGGUPITO, yaiku camboran saka tembung parang, gupit, lan dittata. 1. Sawuse sawetara suwe kumpul karo para warga desa, Ki Pandanarum mersajakake kersane menawa arsa medharake piwulang babagan sangkan paraning dumadi. Kang cengkah karo maksude tembung mersajakake, yaiku... a. ngendikakakeb. ngandhakake c. ngandharaked. ngestokake2. Apa sing dadi kersane Ki Pandanarum rawuh ing desa kasebut?a. kepengin njajagi sepira jerone kawruh para wargab. kepengin mangerteni babagan karingkihane para wargac. kepengin mbabr kawruh bab sangkan paraning dumadid. kepengin mangerteni kepriye panguripane para warga3. Apa sebabe, Ki Pandanarum keduwung lan nyuwun pangaksama mring Hyang Widhi?a. amarga duwe panduga ala marang para warga desa kono.b. amarga akeh kekurangan anggone paring piwulang para wargac. amarga durung rampung anggone memulang, nanging wus ditinggald. amarga ora bisa paring piwulang kang jumbuh karo kabutuhane para warga​
Answer
Wacan wayang sing ing ngisor Iki ringkesen!KIDANG KENCANASawijining kewan alasan memper wedhus, nanging ulese mrusuh kuning nemu giring arane kidang Kencana. Aja dumeh kidang, nanging beda lan kidang liyane, dheweke duwe prabawa kang gedhe, nganti gawe kepencute sapa kang wuninga. Mungguh sapa sejatine kang memba-memba dadi kidang iki, ora iya abdi kinasih, hiya pothete negara Ngalengka, kang ora ana liya kajaba Ditya Kala Marica. Kapinujon tinimbalan dening Sang Prabu Rahwana, mungguh perlune wis suwe anggone saguh bakal methukake karo salah sijine pawongan titisane Widowati."He, Marica, sira iku mung janji-janji thok ora ana kasunyatane. Seprana seprene tinemune mung wuwus, buktine ara ana. Mangka sing dakimpi ora ana liya wanodya ing satumahing bantala iki ingkang dadi memaniking atiku kejaba mung titising Widowati. Aku wis jeleh, aku wis bosen nyawang kowe, aku wis ora nggugu rembugan kang elok-elok nanging jebul amung lamisan. Supaya ora nyepet-nyepeti mripatku, aluwung dina iki klakon dakuntapake nyawamu neng Yomani." kapiyarsa pangandikane Prabu Dasamuka.Mak brebet age-age Kala Marica ngrungkebi pangkone Prabu Dasamuka lan ngrerepa: "Adhuh Gusti sesembahan kula, inggih pepundhen kula ingkang mahambeg welas asih mring dasih. Mugi kacandheta saking sawetawis, dereng kemawon kula munjuk atur wonten ngersa dalem kaselak paduka andukani dhateng pun Marica. Yektosipun inggih wiwit dinten punika kula angsal sisik melik menggah sinten pawongan ingkang dados titising Widowati."Lagi tekan kene ucape, bramantyane Prabu Dasamuka sirna. "Lhaa, ha ha, ha. Rak ya ngono. Saiki mula enggal prasajaa, pawongan kuwi jenenge sapa lan wis duwe bojo apa durung, panggonane ana ngendi Marica. Aja sing mung legan, nadyan wis duweya bojo pisan aku saguh megatake.""Inggih sareh rumiyin. Panggenanipun wonten ing wana Dhandhaka, piyambakipun sampun gadhah garwa naminipun Sri Rama, dene nami pun Dewi Sinta. Wonten ing wana ngriku sajakipun lelana, kadherekaken kadangipun taruna nami Raden Lesmana, rupinipun sadaya tanpa cacad. Ingkang sepuh, ingkang enom, punapa dene Dewi Sinta, sampun prasasat widadari ngejawantah."Bungah Sang Dasamuka: "Lha yen ngono prayoga didhusta wae, sepira banggane wong wadon, krubyuk kabotan pinjung."Nanging Kala Marica menggak, prayoga dicedhaki dhisik, yen wis ketemu gampang mangke ana cara kang prayoga amrih bisane kena. Ora gantalan wektu wong loro padha budhal menyang alas Dhandhaka, panggonane para satriya padha cangkrama. Nahenta kawuwusa kang enak-enak padha lelangen ana kono, Sri Rama lan Dewi Sinta apa dene Raden Lesmana padha kesimur dene ndeleng sesawangan alas kang endah. Alas kene akeh tetanduran kang uwohe enak pinangan kayadene rambutan, dhuku, jambu lan liya-liyane, tur akeh kewane cilik-citik kang endah-endah, kaya ta merak, kancil, lan sabangsane. Iku kabeh dadi panglipur kasangsaraning batine Rama apa dene Dewi Sinta lan Lesmana. Sadina dina nutug nggone lelangen ana ngalas.Kacarita lakune Prabu Dasamuka lan Kala Marica wis tekan kono, nuli padha gawe cara. Si Marica malih dadi kidang kencana, dene Prabu Dasamuka dadi wong tuwa pikun. Sawise andum gawe, si kidang nuli wiwit ngreridhu sang Dewi, kidange ethok ethok lulut, nanging bareng diparani nuli lumayu, mangkono sateruse, nganti gawe kagole panggalihe Dewi Sinta. Nuli ngrerepa marang Sri Rama supaya bisa nyekelake si kidang mau. Ing sekawit Sri Rama mopo, nanging suwe-suwe banjur gelem.Kocapa lakune si kidang ora pati adoh, mung tansah cacaketan wae, nanging mripat kang mancereng tansah maspadakake mungsuhe. Bareng Sri Rama rumangsa diece karo si kidang, gregeten banjur musthi jemparing, dienerake marang si kidang, nanging si kidang weruh saklebatan nuli nggeblas nglungani. Sajroning ilang saka pandulu, si kidang gawe swara kang melas asih nganti bisa gawe trenyuh panggalihe Dewi Sinta. Mangkono swara mau dibolan-baleni, nganti kawelasaning panggalihe Dewi Sinta tumuju marang Raden Lesmana."Mangko ta adhiku bocah bagus Lesmana, jeneng sira apa ora midhanget swara kang melas asih kae, kae swarane ingkang raka Sri Rama kang njaluk tulung. Mula yayi sira enggal lumakuwa, mesakake banget, mung bot-bote nututi lakune si kidang wae direwangi lara lapa kaya ngana kae."Ature Lesmana: "Kawula nuwun kakang mbok, punika sanes swantenipun kakang mas Sri Rama, nanging swantenipun jubriksa ingkang memba-memba swantenipun kangmas Sri Rama."Beda klawan panemune Raden Lesmana, Sang Dewi ngarani yen kuwi swarane ingkang raka Sri Rama, kamangka sejatine dudu. Jalaran Raden Lesmana wus darbe rasa jatimulya, ingkang ora kadarbe dening sapa wae. Dewi Sinta tetep kukuh marang panemune yen swara kang melas asih kae swarane Sri Rama. Mula banjur thukul panggalih kang ora becik, kinira yen Raden Lesmana darbe karep ora prayaga marang dheweke. ​​
Answer

Life Enjoy

" Life is not a problem to be solved but a reality to be experienced! "

Get in touch

Social

© Copyright 2013 - 2024 KUDO.TIPS - All rights reserved.