November 2023 0 5 Report
Sawuse sawetara suwe kumpul karo para warga desa, Ki Pandanarum mersajakake kersane menawa arsa medharake piwulang babagan sangkan paraning dumadi, sarta kepriye carane ajen-ingajenan marang sapepadhane urip. Omah siji mbaka siji dirawuhi dening Pandanarum saperlu mbabar kawruh bab sangkan paraning dumadi, sarta tatacarane ngajeni liyan. Prasasat saben wengi datan ana dina gothang anggone Ki Pandanarum paring wulang wuruk mring para warga desa kono. Sawuse rinasa cukup anggone memucal, Ki Pandanarum mundhut pamit marang warga menawa kepengin semedi ing gubug satengahing alas. Ki Pandanarum manengku puja ngonjukake atur panuwun mring Hyang Widhi, dene wus dikeparengake paring kawruh babagan ilmu sangkan paraning dumadi. Saliyane ngaturake panuwun, Ki Pandanarum uga nyuwun agunging pangaksama anggone darbe panduga kang ora prayoga marang para warga ing desa kono. Ature Ki Pandanarum mangkene, "Dhuh Gusti, kula nyuwun pangapunten dene ngantos gadhah pangintent awon dhateng para warga mriki. Kula gadhah panginten bilih tiyang-tiyang sakiwa tengen panggenan mriki ketingal sereng lan galak kados landheping parang, nanging sejatosipun tetiyang mriki purun lan gampil dipuntata {ditata). Pinangka pratandha banget anggone keduwung marang kaluputane, Ki Pandanarum banjur paring tetenger marang papan kasebut dijenengke PARANGGUPITO, yaiku camboran saka tembung parang, gupit, lan dittata.

1. Sawuse sawetara suwe kumpul karo para warga desa, Ki Pandanarum mersajakake kersane menawa arsa medharake piwulang babagan sangkan paraning dumadi. Kang cengkah karo maksude tembung mersajakake, yaiku... a. ngendikakake
b. ngandhakake
c. ngandharake
d. ngestokake
2. Apa sing dadi kersane Ki Pandanarum rawuh ing desa kasebut?
a. kepengin njajagi sepira jerone kawruh para warga
b. kepengin mangerteni babagan karingkihane para warga
c. kepengin mbabr kawruh bab sangkan paraning dumadi
d. kepengin mangerteni kepriye panguripane para warga
3. Apa sebabe, Ki Pandanarum keduwung lan nyuwun pangaksama mring Hyang Widhi?
a. amarga duwe panduga ala marang para warga desa kono.
b. amarga akeh kekurangan anggone paring piwulang para warga
c. amarga durung rampung anggone memulang, nanging wus ditinggal
d. amarga ora bisa paring piwulang kang jumbuh karo kabutuhane para warga​

Life Enjoy

" Life is not a problem to be solved but a reality to be experienced! "

Get in touch

Social

© Copyright 2013 - 2024 KUDO.TIPS - All rights reserved.