Legendha Danau Situ Bagendit Wacanen crita Legendha ing ngisor iki kanthi patitis! ringkesan Carita Danau Situ Bagendit yaiku carita ingkang asale saka Jawa Barat ing desa Bagendit, Kecamatan Banyuresmi Kacarita, jaman biyen ana janda enom sing sugih banget ing Jawa Barat sing ora nduwe anak. Bandhane iku saka warisan garwane sing wis seda. Ananging janda kuwi mau sipate ala, pelit , kikir, lan tamak. uripe sarwa mewah, ananging ora tau nulungi warga sing susah. Menawa ana warga miskin sing njaluk pitulungane mesthi diusir. Masarakat nyebute Bagenda Endit amarga sipate sing pelit. Bagenda Endit uga nerusake gawean garwane dadi rentenir. Tanah Pertanian lan ameh lan nyilihke duit kanthi bunga sing gedhe lan kanthi wektu singkat. Masarakat ora bisa nglunasi utange lan sing dadi gantine yaiku pertanian sing di duweni, akhire akeh masarakat sing dadi mlarat amarga ora nduwe tanah sing dinggo tani kanggo nguripi keluwargane. Setunggaling dina, ana wadon tuwa sing nggendhong anake sing lagi nangis amarga keluwen. Dheweke njaluk sega sithik marang Bagenda Endit, ananging ora diwenehi. Kanthi suwene wadon tuwa karo anake sing saya banter tangise mau tetep ana ing ngarep omahe Bagenda Endit menawa atine luluh lan gelem menehi sego, nanging sing ditrima malah gebyuran banyu saka Bagenda Endit trus dheweke diusir peksa saka omahe. Sesuke ana warga sing kesusahan banyu njaluk banyu nyang omahe Bagenda Endit merga gur sumure dheweke sing banyune isih akeh. Ananging kaya biasane, Bagenda Endit kanthi angkuhe ora menehi banyu lan akhire para warga diusir saka omahe.gw ringkesan​
Answer

Life Enjoy

" Life is not a problem to be solved but a reality to be experienced! "

Get in touch

Social

© Copyright 2013 - 2024 KUDO.TIPS - All rights reserved.