Perang Alah. Sekolah ki nggo apa. Ora ana gunane coba pikiren, sesuk yen lulus apa ya njur kepenak uripmu, entuk gawean, enthuk dhuwit akeh? Mbel ra mungkin. Kandhane Darson karo lambene menjab-menjeb. Jan-jane jenenge asli Darsana, nanging kanca-kancane ing dalan marabi Darson. Dhasar bocah rada mbejujag, dheweke seneng wae diceluk Darson. Mahendra krungu omonge Darson mung meneng, pojok batine sethitik ya ngakoni bener. Nanging kaya ana rasa kang kurang srek ing atine. Dheweke ora bisa kumecap. Dikrubung bocah-bocah mbejujag sing omongane pating creblung. Awake gemeter, Perang tandhing ing batine, ana karep nerusake sekolah. Nanging yen ngelingi kahanane wong tuwane atine mbenerke omongane Darson. Dheweke mesakake banget Simboke lan Bapake, wongtuwane sakloron mung buruh tani. Pametune ora mesthi. Kamangka kudu ngragati bocah loro MahIndra lan Adhine. Maharani sing saiki wis kelas enem SD. Meruhi Mahendra mung meneng. Darson seneng atine. Panganggep omongane ditampa Mahendra. Dhewe mbacutke clathu. ”Piye Ndra, bener ta. Kandhaku? Luwih becik kowe nyambut gawe ngewangi wong tuwamu. Apa ora mesakake wong tuwamu? Wis saiki kowe melu aku. Nyambut gawe gampang bayare lumayan. Ya ora Pri?” Darson nyawang Jupri. Nom-noman kuru rambute brindhil, mbenerke. ”Iya. Ndra, ora angel-angel dhuwit akeh. Santai. Wis melu wae”. Mahendra saya judheg, pikire nglambrang. Katon gegambaran-gegambaran endah yen saumpama dheweke dhuwe dhuwit . Ah, penake, senenge. Mahendra kaget nalika Darson nyablek pundhak karo celathu. ”Wis dipikir-pikir sik. Aku dak cabut sik. Yo Pri, Son, Thik awake dhewe cabut sik.” Bocah papat banjur nggeblas. Bonceng – boncengan sepedha motor, pancen bocah ora genep. Montor dibandhangake, gek ora nganggo helm, suwarane knalpot mbrebegi kuping. Wancine wayah isya’, Mahendra isih melu sholat isya’ ing mesjid cedhak omahe. Masjid lawas jaman keraton. Ana sing ngarani masjid pathok nagari. Sanajan wis tuwa nanging bangunane isih pengkuh. Bubar sholat dheweke lungguh dheleg-dheleg ing emperan masjid. Lendhetan jagak bedhug. Pikire isih bingung. Pepenginane sekolah lan omonge Darson perang rame. Genti-genten nguwasani angen-angene. ”Ana apa Dhik kok sajak abot pikiranmu?” Sasana njejeri lungguhe Mahendra. Mahendra ngingset lungguhe karo nyauri, ”Lagi rada bingung Mas.” Karo pawongan siji iki Mahendra ora wani ndhelikake rasane. Sasana Warastra ngono asmane jangkep. Gelare mburi Sarjana Pendidikan. Piyayine durung tuwa watara lagi telung puluhan wolu. Nanging sorot paningale mratandhan yen dadi wong sing mateng. Tangga teparone ngertine Mas Sasana ya mung guru ing sawijining SMP ing pereng gunung. Kegiyatan liyane ora akeh wong kang ngerti. Dheweke ora tau ngrembug bab kegiyatane. Sing diomongke ya kaya anut ombyake omongane wong-wong liyane, cekake dheweke ora tau mbukaki rembug nanging mung ngegongi, tur pas karo sing dikarepke, dadi akeh kang rumangsa seneng marang Mas Sasana. Mahendra dhewe ya ngono. ”Lho, malah ngalamun Dhik, wong sekolah kuwii pancen abot.” Mahendra njenggelek. Rada gumun karo celathu. ”Panjenengan kok priksa Mas?” Sasana mesem, ”Kira-kira kok Dhik. Aku mbiyen ya kaya kowe. Nuwun sewu ya. Aku mung anake blandhong kayu, yen kahanan ekonomi ya ora beda karo wong tuwamu saiki.” ”Lajeng panjenengan kok saged sarjana ngantos samenika dados guru Mas, cariyosipun kados pundi?” ”Critane dawa Dhik, ning cekake ngene, muga-muga bisa dadi tetimbangan pamikirmu. Sepisan ngene Dhik. Awake dhewe kudu yakin yen awake mbudidaya tenanan mesthi ana dalan. Wong Jawa biyen ngendika sapa teteken tekun mesthi bakal katekan. Kaping lorone Dhik. Sing kagungan rejeki iku Gusti Allah, yen awake dhewe nyuwun mesthi bakal diparingi. Ping telune kowe kuwi jejering anak, mula wajibe bekti marang wong tuwa, bisa mikul dhuwur mendhem jero. Wujude bektimu marang wong tuwa yaiku kowe sinau tenanan, sekolah tenanan saduwur-duwure aja nganti mandheg. Aja wedi bab ragad lan liya-liyane. Mengko mesthi ana dalane. Wis Dhik ngono cekake, nuwun sewu aku bali dhisik. Dipikir tenanan!” Sasana banjur menyat ninggalke Mahendra. Mahendra gumun kok yen miturut ngendikane Mas Sasana katone ngadhepi urip kok gampang banget, Mahendra banjur melu manyat, pikire rada entheng nanging atine isih kepengin krungu crita lelakone Mas Sasana. Bengi saya peteng, mesjide sepi. Carilah unsur intrinsik dan buktinya
Answer

Life Enjoy

" Life is not a problem to be solved but a reality to be experienced! "

Get in touch

Social

© Copyright 2013 - 2024 KUDO.TIPS - All rights reserved.