20 poin lho :v 1. Ingkang dipuwastani tembung rangkep dwipurwa inggih punika.... a. tembung ingkang dipunrangkep wanda ngajengipun b. tembung ingkang dipunrangkep lingganipun c. tembung ingkang dipunrangkep wanda wingkingipun d. tembung ingkang dipunrangkep wanda ngajeng lan wingkingipun 2. Tuladha saking tembung rangkep dwiwasana inggih punika... a. tetuku, sesami, sesorah b. bocah-bocah, bola-bali, obah-obeh c. cengengesan, selelekan, cekakakan d. andheng-andheng, ali-ali, uyeng-uyeng 3. Dongeng Rawa Pening, Guwa Parangtritis, Kali Serayu punika tuladhanipun dongeng... a. legenda c. wiracarita b. dongengan d. gegedhug 4. Unsur intrinsik ingkang ngrembag babagan watakipun paraga inggih punika... a. tema c. tokoh b. penokohan d. amanat 5. Kepriye watakipun Dasamuka ing cerita wayang... a. srakah c. utama b. sabar d. pakarti becik 6. Tembung ingkang pikantuk panambang lan lan boten pikantuk ater-ateripun inggih punika... a. nggawekake c. mangana b. tukua d. nulisake 7. Panambang ingkang gadhahi teges akon inggih punika... a. ane lan ake c. a/ana lan na b. aken lan ipun d. ku lan mu 8. Panambang ingkang gadhahi teges nindakake pakaryan kangge tiyang sanes inggih punika... a. lawang kae coba bukake b. soal sing ning papan tulis kui saiki garapa c. buku punika gadhahanipun adhik kula d. adhiku digawekake dolanan saka papah gedhang 9. Ing ngandhap punika ukara ngangge basa ngoko lugu ingkang leres inggih punika.... a. kanca-kanca, ditepangake jenengku Ilham. b. kanca-kanca, dikenalke jenengku Ilham. c. kanca-kanca, dipuntepangaken jeneng kula Ilham. d. kanca-kanca, dipunkenalaken jenengku Ilham. 10. Ukara ing ngandhap punika ngginakaken basa ngoko lugu, kajaba... a. dhek, bapak pundhutna buku kae. b. Ibu kalih bapak arep tindak ning omahe budhe. c. mangke sonten punapa kula kepareng sowan ing dalemipun ibu? d. mengko aku arep dolan ning omahmu. 11. Ukara tanggap (kalimat pasip) gadhahi titikan, kajaba.... a. wasesanipun pikantuk ater-ater tripurusa b. wasesanipun pikantuk ater-ater ka- c. wasesanipun pikantuk seselan –in d. wasesanipun pikantuk ater-ater anuswara 12. Ukara tanggap ing ngandhap punika ingkang leres inggih punika... a. Intan nulisi bukune. c. layange tinulis nganggo bolpen abang. b. Murni nyilihi klambi adhine. d. Sigid nyaponi latar omahe. 13. Ukara tanduk ing ngandhap punika ingkang lepat inggih punika, kajaba… a. kordhene dipasang ing jendhela. c. soale katulis ing buku tugas b. Reni nggawe sega goreng. d. Murni disilihi buku Wati. 14. 1. Pungkasane aku bisa jikuk pelajaran saka pengalamanku mau. 2.Wiwitane nalika aku isih wektu kelas 6 SD. 3. Cerita bakune aku lagi dolanan ing kali. 4. Wektu lan papan kadadeyane. Urutan cengkorongan ing nginggil ingkang leres inggih punika... a. 4 – 2 – 3 – 1 c. 2 – 3 – 4 – 1 b. 4 – 3 – 2 – 1 d. 3 – 4 – 2 – 1 15. Sigra milir kang gethek sinangga bajul Kawandasa kang njageni Ing ngarso miwah ing pungkur Tanapi ing kanan kiring Sang gethek lampahnya alon Geguritnan ing nginggil guru lalu lan guru wilanganipun inggih punika... a. 12u, 8i, 7a, 8i, 7o c. 11u, 7i, 8u, 7i, 8o b. 10u, 12i, 8u, 8i, 8o d. 12u, 8i, 8u, 8i, 8o 16. Ngapresiasi geguritan boten langsung kanthi cara... a. ngawontenaken kegiyatan maos c. ngraosaken (menghayati) isinipun b. mangertosi isinipun d. nyinaoni teori sastra 17. Cacahing wanda saben gatra ing geguritan dipunwastani... a. guru lagu c. guru gatra b. guru wilangan d. dhong dhing 18. Sing kula kajengke sanes niku, ning niku lho. Ukara kasebut ngginakaken basa... a. ngoko lugu c. ngoko alus b. krama alus d. krama lugu 19. Pak, kula badhe kondur rumiyin. Ukara kasebut yen dipun-ginakaken murid marang guru tembung ingkang lepat inggih punika... a. kula c. rumiyin b. badhe d. kondur 20. Nek aku ora ngono kui kok. Ukara kasebut kram alusipun dados... a. menawi kula boten mekaten punika kok. b. nek kula boten ngoten niku kok. c. yen kula boten ngoten menika kok. d. nek kawula boten ngono kui kok.
Answer

Life Enjoy

" Life is not a problem to be solved but a reality to be experienced! "

Get in touch

Social

© Copyright 2013 - 2024 KUDO.TIPS - All rights reserved.