Tolong dibantu kk 》Lanjutan soal 40 C. Prihatin D. Isin 41. Pitutur luhur kang bisa dijupuk saka geguritan kasebut yaiku.. A. Aja lali nyuwun donga pangestu marang wong tuwa B. Ngelingi lelabuhane wong tuwa ing ngendi wae C. Tansah ndongakake wong tuwa kang wis seda D Aja kakean sambat marang wong tuwa #Soal tidak perlu ditulis
Wangsulan
38. B. Pepindhan.
39. B. Adhang-adhang tetese embun.
40. A. Sedhih.
41. C. Tansah ndongakake wong tuwa kang wis seda.
Penjelasan
38. ☞ Pepindhan
» Unen-unen sing duwe teges emper-emperan utawa irib-iriban, diumpamakake kanggo mbangetake, lumrahe nganggo tembung lir, kadya, kaya, pindha, lsp.
—☆ Tuladha :
1. Ketiban ndaru.
✧Tegese : beja banget.
2. Sumbare kaya bisa mutung wesi gligen.
✧Tegese : kaya ora ana sing bisa ngalahake.
3. Srawunge kaya lenga karo banyu.
✧Tegese : ora bisa rukun.
39. Pembahasan opsi :
a. Nggeret pring saka pucuk : pegaweyan sing gampang nanging malah digawe angel.
b. Adhang-adhang tetese embun : ngarep-arep samubarang kang durung mesthi olehe/mung entuk sak olehe.
c. Mburu uceng kelangan deleg : kepengin ngentukake barang sing sepele/sithik, nanging kelangan barang sing luwih akeh/migunani.
d. Kriwikan dadi grojogan : prakara sepele malah dadi gedhe.
40. Swasanane sedhih amarga nyritakake anak sing kelangan wong tuwane.
41. Pitutur luhur kang trep yaiku kudu tansah ndongakake wong tuwa kang seda.
» DETAIL JAWABAN «
Mapel : Bahasa Jawa
Kelas : 9
Materi : Piwulang
Kata Kunci : Pepindhan, Lingsir wengi, Pitutur luhur, lsp
Kode Soal : 13
Kode Kategorisasi : 9.13
-----------------------------
Semoga membantu.