Ing salah sijining deso kang subur lan makmur, wargane akeh seng kerjo dadi petani. Poro petani podho nandur pari, jagung lan sayuran. Pak Sugeng salah sijine petani kang nandur ketimun. Timune sae-sae lan seger. Saben dino ditilik’i, dirabuk lan disirami supoyo subur. Timune Pak Tono wes wayahe arep panen.
Isuk-isuk pas ono kebon, Pak Tono kaget. Tanduran timune podo rusak lan akeh seng ilang.
“Lha... Kok podo rusak tanduranku ki piye? Sopo yo sing ngrusak tanduranku?” Pak Tono ngomong karo nesu-nesu.
Terus Pak Tono mikir, piye carane supoyo biso nemokke sopo sing ngrusak tandurane. Akhire Pak Tono gawe wong-wongan ning kebon kang dilumuri getah karet supoyo biso nangkep sing ngrusak tandurane.
kebun Timun Pak Tono
Liyo dino, kancil moro maneh ning sawah mangan timun karo nyedak marang wong-wongan sawah. Tanpo sadar, sikile dipancal-pancalake marang wong-wongan sawah terus sikile kanthil. Kelet amargo getah karet.
“Waduuh... Sikilku kanthil, piye iki ora biso ucul soko wong-wongan iki. Gawat iso ngerti karo Pak Tani,” kancil wedi banget ketangkep.
Kancil ora sadar Pak Tono teko. Dumadakan ono kewan kancil kang ngrusak tandurane, timune podo dipangan kancil.
“Lho.. Kowe tho Cil sing ngrusak tanduranku,” Pak Tono nyedak. Kancil terus wedhi.
“Ayo tak gowo mulih marang omahku, ” jare Pak Tono maneh.
Kancil banjur golek ide piye carane iso dingapuro karo Pak Tono.
“Ampun Pak, ampun... Kulo salah, kulo nyuwun pangapunten,” jare Kancil karo nangis.
“Oo.. Yen ngono tak ampuni Cil, tapi sesuk ojo mbok baleni maneh. Yo wes saiki kowe njogo timunku ning sawah yo. Sesuk yen wayah panen, kowe tak wenehi timune,” jare Pak Tono.
Jebul Pak Tono apik uwonge. Kancil rumongso salah. Gelem ngewangi Pak Tono.
A.Dongeng bahasa jawa singkat Kancil dan Pak Tani

“Nggih Pak Tono,” Kancil njawab kanthi alus.