Pengalamane Bu Lik Widi Kedadean iki dialami dening Bu Lik Widi udakara sewulan kepungkur. Nalika iku, dina Kemis sore ngarepake Maghrib. "Sapa sing sore-sore parfuman, kok wangine nggambret." Bulik Widi grenengan dhewe. "Ngapa Bu, kok gemremeng dhewe." Pitakone Pak Lik Darto. "Panjenengan mambu wangi semribit apa ora je Pakne?" "Iya iki, menawa kembang kopi mburi umah kuwi wayahe mekar." "E, kembang kopi saka ngendi, wite wae padha mati garing kok." Bubar diwangsuli mangkono Pak Lik Darto banjur lungguh maneh ing ngarep TV, wis ora nggagas mambu wangi mau. Cekaking crita, kaya adate jam 02.00 Bu Lik Widi tata-tata anggone arep kulak menyang pasar Muntilan. Nalika arep menyang kolah, Bu Lik Widi mak sriwing mambu liwetan gosong. Piyambake ngangen-angen, jam semene sapa sing wis ngliwet. Kamangka daleme Bu Lik Widi rada adoh saka tangga kiwa tengen. Bu Lik Widi kelingan karo critane wong-wong, jare menawa wengi-wengi mambu liwetan gosong, iku tandhane ana gendruwo ing sacedhake. Tanpa tolah-toleh Bu Lik Widi njranthal tumuju kamar nggugah garwane. Saka crita pengalaman kasebut gatekna pratelan iki! (1) Ing crita nuduhake kedadean crita kang medeni, crita kasebut jinis crita pengalaman kang susah/sedih. (2) Paraga ngalami kedadean kang medeni, lan kelingan bab crita kang medeni. (3) Paraga ketemu gendruwo, crita kasebut jinis crita pengalaman kang medeni. (4) Ing crita nuduhake kedadean crita kang medeni, crita kasebut jinis crita pengalaman kang medeni. Saka pratelan kasebut, pratelan kang jumbuh karo teks crita pengalaman mau yaiku nomer… Select one: a. (1), (2) b. (2), (3) c. (1), (4) d. (2), (4)
Answer

Life Enjoy

" Life is not a problem to be solved but a reality to be experienced! "

Get in touch

Social

© Copyright 2013 - 2024 KUDO.TIPS - All rights reserved.