Profil R.A kartini lengkap pakai bahasa jawa. makasih
driyaningrum
Raden Adjeng Kartini utawi langkung leres Raden Ajoe Kartini, (Jepara, 21 April1879 - Rembang, 13 September 1904), punika satunggiling pahlawan nasional R.I. Panjenenganipun satunggiling tokoh wanita saha tokoh pendidikan Jawi. Raden Adjeng Kartini punika asalipun saking latar priyantun Jawi. Senadyan panjenenganipun putri saking R.M. Sosroningrat saking garwa ingkang sepuh piyambak, nanging saking garwa ampil. Kala punika poligami punika limrah lan dipun-anggep biasa kémawon. Kartini piyambak pirsa manawi prakawis punika ndadosaken risakipun saha pasulayan ing antawis anggota kulawargi, dados piyambakipun mboten sarujuk. Prakawis punika amargi piyambakipun naté sinau ing sekolah Walandi. Kartini miyos ing Jepara ing tanggal 21 April 1879. Panjenenangipun putri satunggaling priyantun Jawi, Bupati Jepara, Radèn Mas Sosroningrat saking garwa ampil anami Ngasirah. Ngasirah punika larénipun Modirono utawi Ki Modirono. Miturut Pramoedya Ananta Toer, Modirono punika satunggiling mandhor pabrik gendhis ing Mayong, Jepara.[1] Sasanèsipun Kartini, Ngasirah ugi peputra Drs. R.M.P. Sosrokartono (1877-1951), kangmas Kartini ingkang misuwur dados satunggiling ahli basa weton Universitas Leiden. Lajeng kaliyan garwa padminipun, R.M. Sosroningrat pinaringan putra 8 malih. Nami "Kartini" serta "Kartono" punika dipun-pendhet saking tembung "karta" utawi "karti" ingkang tegesipun "saé", "trepti" utawi "mukti". Tembung puniki asalipun saking basa Sangskreta kṛtaingkang tegesipun "suci" utawi "dinamel". Senadyan satunggaling tiyang wadon, tiyang sepuh Kartini marengaken piyambakipun mlebet sekolah, satunggaling sekolah Walandi. Miturut Kartini piyambak punika satunggal-tunggalipun sekolah ing Jepara. Ngantos yuswa 12 taun, Kartini saged sekolah. Wonten mriki piyambakipun sinau basa Walandi. Ananging rikala sampun yuswa 12 taun, piyambakipun kedah manggèn wonten ing griya amargi sampun piningit. Amargi Kartini gadhah kasagedan basa Walanda, lajeng wonten griya piyambakipun miwiti sinau piyambak saha nyerat kaliyan réncangipun ingkang saking Walandi. Salah satunggiling inggih punika Rosa Abendanon ingkang kathah ndukung piyambakipun. Lajeng Kartini dipundhawuhi krama kaliyan bupati Rembang, ingkang sampun kagungan garwa tiga. Kanggé Kartini bab punika arupi satunggiling panisthan ingkang dipunadhepi kanthi tabah. Nyatanipun ingkang garwa mboten patos awon dhumateng Kartini, lan Kartini dipunparingi kabébasan rélatif. Ingkang garwa mangertos punapa ingkang dados gegayuhanipun Kartini, lan Kartini dipunparingi kabébasan lan dipun paringi dhukungan kanggé ngadegaken sekolah wanita ing sisih wétan gapura kompleks kantor Kabupatèn Rembang, ing satunggiling bangunan ingkang dinten punika dipunginakaken minangka Gedhung Pramuka.
Putra pratami lan ugi ingkang pungkasan lair ing tanggal 13 September 1904, lan sawetawis dinten sasampunipun, Kartini séda ing yuswa 25 taun. Amargi kagigihanipun Kartini, saged dipunadegaken satunggiling Sekolah Wanita déning Yayasan Kartini ing Semarang, wonten ing taun 1912, lan salajengipun wonten ing Surabaya, Yogyakarta, Malang, Madiun, Cirebon lan kitha sanèsipun. Nami sekolah kasebat inggih punika "Sekolah Kartini". Yayasan Kartini punika dipunadegaken déning kulawarga Van Deventer, satunggiling tokoh Pulitik Etis. Présidhèn Soekarno ngedalaken Kaputusan Presidhèn Republik Indonesia No.108 Taun 1964, tanggal 2 Mei 1964, ingkang netepaken Kartini minangka Pahlawan Kamardikan Nasional sakantenan netepaken dinten klairan Kartini, tanggal 21 April, supados dipunpèngeti saben taun minangka dinten riyaya ingkang salajengipun dipunwastani pahargyan Dinten Kartini.
Raden Adjeng Kartini utawi langkung leres Raden Ajoe Kartini, (Jepara, 21 April 1879 utawi 28 Rabiul Akhir taun Jawi 1806 - Rembang, 13 September 1904), punika satunggiling pahlawan nasional R.I. Panjenenganipun satunggiling tokoh wanita saha tokoh pendidikan Jawi. Raden Adjeng Kartini punika asalipun saking latar priyantun Jawi. Senadyan panjenenganipun putri saking R.M. Sosroningrat saking garwa ingkang sepuh piyambak, nanging saking garwa ampil. Kala punika poligami punika limrah lan dipun-anggep biasa kémawon. Kartini piyambak pirsa manawi prakawis punika ndadosaken risakipun saha pasulayan ing antawis anggota kulawargi, dados piyambakipun mboten sarujuk. Prakawis punika amargi piyambakipun naté sinau ing sekolah Walandi.
Radèn Adjeng Kartini menika satunggaling putri saking kulawarga Bupati Jepara ingkang dipunparingi tenger Kartini. Tanggal samangké déning bangsa Indonesia dipunpéngeti dados dinten Kartini. Kartini punika laré ingkang nomer gangsal saking Bupati Jepara. Déné pambajengipun, R.M.Sasraningrat, panengakipun R.M.Sasrabuana, panengahipun R.A.Cakradisasra, lan semendhinipun R.M.Sasrakartana. Radèn Ajeng Kartini punika pejuang émansipasi wanita Indonesia. Panjenenganipun ingkang sampun ngupadaya supados drajadipun wanita saged sami kaliyan priya.
Nalika jaman semanten, tiyang èstri boten kepareng sekolah kados déné priya. Menawi sampun ngancik yuswa rumaja lan dipunanggep pantes dhaup, tiyang wadon lajeng dipunpingit. Dipunpingit tegesipun boten pareng medal saking griya supados saged dipunwulang katrampilan-katrampilan ngenani pagaweyanipun wong wadon saengga saged dados garwa ingkang saé. Adat kados mekaten sampun limrah lan turun-tumurun ing jaman semanten. R.A.Kartini ugi dipunpingit dening tiyang sepuhipun. Sejatosipun Kartini kepengin uwal, boten kersa dipunpingit, nanging piyambakipun boten saged. Ing salebeting pingitan, Kartini asring ngirim layang marang kanca-kancanipun saengga kawruhipun ugi nambah.
Sinaosa dipunpingit Kartini ugi tansah sregep sinau kanthi buku-buku ingkang dipunbektakaken kancanipun, Nyonya Abendanon. Saksampunipun dipingit, nalika tanggal 8 November 1903 R.A.Kartini dipundhaupaken kaliyan Raden Adipati Jayadiningrat. Sinaosa sampun dhaup, perjuanganipun Kartini mboten mandheg malah sansaya adreng anggenipun ngangkat drajadipun kaum wanita. Gegayuhanipun dipunsengkuyung dening garwane. Piyambakipun ngadhegake sekolah kagem para putri ingkang kepengin ngudi ilmu. Nalika tanggal 17 September 1904 antawisipun sekawan dinten saking anggenipun kagungan putra, Ibu Kartini kapundhut ngarsaning Gusti. Nanging, sedanipun kala wau boten ateges purnaning perjuangan emansipasi wanita. Perjuangan emansipasi wanita terus dilakoni saengga dinten samangke wanita saged ucul saking jiretan adat pingit. Wanita nduwe hak padha kaya hake priya. Wanita bisa sekolah lan ngudi ilmu ing pawiyatan luhur kayadene priya.
Kartini miyos ing Jepara ing tanggal 21 April 1879. Panjenenangipun putri satunggaling priyantun Jawi, Bupati Jepara, Radèn Mas Sosroningrat saking garwa ampil anami Ngasirah. Ngasirah punika larénipun Modirono utawi Ki Modirono. Miturut Pramoedya Ananta Toer, Modirono punika satunggiling mandhor pabrik gendhis ing Mayong, Jepara.[1] Sasanèsipun Kartini, Ngasirah ugi peputra Drs. R.M.P. Sosrokartono (1877-1951), kangmas Kartini ingkang misuwur dados satunggiling ahli basa weton Universitas Leiden. Lajeng kaliyan garwa padminipun, R.M. Sosroningrat pinaringan putra 8 malih.
Nami "Kartini" serta "Kartono" punika dipun-pendhet saking tembung "karta" utawi "karti" ingkang tegesipun "saé", "trepti" utawi "mukti". Tembung puniki asalipun saking basa Sangskreta kṛtaingkang tegesipun "suci" utawi "dinamel".
Senadyan satunggaling tiyang wadon, tiyang sepuh Kartini marengaken piyambakipun mlebet sekolah, satunggaling sekolah Walandi. Miturut Kartini piyambak punika satunggal-tunggalipun sekolah ing Jepara. Ngantos yuswa 12 taun, Kartini saged sekolah. Wonten mriki piyambakipun sinau basa Walandi. Ananging rikala sampun yuswa 12 taun, piyambakipun kedah manggèn wonten ing griya amargi sampun piningit.
Amargi Kartini gadhah kasagedan basa Walanda, lajeng wonten griya piyambakipun miwiti sinau piyambak saha nyerat kaliyan réncangipun ingkang saking Walandi. Salah satunggiling inggih punika Rosa Abendanon ingkang kathah ndukung piyambakipun.
Lajeng Kartini dipundhawuhi krama kaliyan bupati Rembang, ingkang sampun kagungan garwa tiga. Kanggé Kartini bab punika arupi satunggiling panisthan ingkang dipunadhepi kanthi tabah. Nyatanipun ingkang garwa mboten patos awon dhumateng Kartini, lan Kartini dipunparingi kabébasan rélatif. Ingkang garwa mangertos punapa ingkang dados gegayuhanipun Kartini, lan Kartini dipunparingi kabébasan lan dipun paringi dhukungan kanggé ngadegaken sekolah wanita ing sisih wétan gapura kompleks kantor Kabupatèn Rembang, ing satunggiling bangunan ingkang dinten punika dipunginakaken minangka Gedhung Pramuka.
Putra pratami lan ugi ingkang pungkasan lair ing tanggal 13 September 1904, lan sawetawis dinten sasampunipun, Kartini séda ing yuswa 25 taun. Amargi kagigihanipun Kartini, saged dipunadegaken satunggiling Sekolah Wanita déning Yayasan Kartini ing Semarang, wonten ing taun 1912, lan salajengipun wonten ing Surabaya, Yogyakarta, Malang, Madiun, Cirebon lan kitha sanèsipun. Nami sekolah kasebat inggih punika "Sekolah Kartini". Yayasan Kartini punika dipunadegaken déning kulawarga Van Deventer, satunggiling tokoh Pulitik Etis.
Présidhèn Soekarno ngedalaken Kaputusan Presidhèn Republik Indonesia No.108 Taun 1964, tanggal 2 Mei 1964, ingkang netepaken Kartini minangka Pahlawan Kamardikan Nasional sakantenan netepaken dinten klairan Kartini, tanggal 21 April, supados dipunpèngeti saben taun minangka dinten riyaya ingkang salajengipun dipunwastani pahargyan Dinten Kartini.