April 2022 1 23 Report
Surti iku kelas 5. Putrane pak Joko ana loro. Surti Putri nomor loro. putrane sing mbarep lanang asmane Aji Pangestu. Bocah loro rukun banget koyok Mimi lan mintuna. saben dina Minggu guyub rukun resik-resik bebarengan ing omah.

Omahe pak Joko Katon resik lan tumata. Ing ngarep omah ana tanduran warna-warni. kembang mawar, Menur, mlathi,puring lan ceplok piring. Surti sing nandur. Surti pancen bocahe Ayu, rambute ngandhan andhan, kulit kuning langsep,mripate blalak-blalak. beda banget karo Aji Pangestu iku praupane bagus kaya Raden Kamajaya. Nanging Yen mlaku kencik amargo sikile waktu cilik ketabrak becak. Ndadekake ciri ing sikile sisih tengen. Mulane Yen mlaku kencik.

mas Aji Pangestu sekolah SMP kelas wolu. saben dina Yen budhal sekolah boncengan sepedha Karo adhine yaiku Surti. ananging Yen mulih ora tau bebarengan, jalaran Surti mulih dhisik karo kancane .

pak Joko seneng duwe putra loro Lanang wadon padha rukun, ora tau tukar padu kaya pak Joko kujugrukan gunung menyan.

Wangsulana pitakon Iki kanthi bener!
1. Sapa wae paragane wacan ing dhuwur?
2. Apa isine wacan ing dhuwur?
3. Kepriye watake paraga iku?
4. Tulisen tumindak rukun ing wacan iku!
5. Tulisen amanat/pesan sing bisa kok teladhani ing wacan iku!

Golek ana jinise Basa rinengga. Lan tulisen Tuladhane ing wacan iku mau.
Tulisen 1-10. ​

Life Enjoy

" Life is not a problem to be solved but a reality to be experienced! "

Get in touch

Social

© Copyright 2013 - 2024 KUDO.TIPS - All rights reserved.