Pangeran Diponegoro kang asma timure aran Raden Mas Ontawirya miyos ing Ngayogyakarta tanggal 11 Nopember 1785. Panjenengane putra Sultan Hamengku Buwana III. Wiwit cilik tansah digelung bab adat lan tata cara luhur mula ora mokal menawa panjenengane ganep tata kramane, adil, wicaksana marang sapadha-padha lan tansah cecaketan karo wong cilik.
Taun 1823, tuwuh dredah antarane Pangeran Diponegoro karo Walanda amarga prajurit Walanda nacepake pathok-pathok kanggo dalan kamangka dalan mau nrejang makam leluhure Pangeran Diponegoro. Bab iku ndadekake Pangeran Diponegoro duka kepengin merangi Walanda. Pangeran Diponegoro banjur yasa kekuatan nundhung Walanda. Nalika Walanda ngerteni bab iku banjur ngirimake wadyabala kanggo nyirnakake Pangeran Diponegoro saandhahane. Tegalrejo dirusak, diobong. Pangeran Diponegoro banjur sumingkir saka Tegalrejo menyang guwa Selarong nanging tetep nindakake perang gerilya mungsuh walanda. Peperangan iku kabantu dening Ali Basah Senthot Prawiradirja, Kyai Maja lan sapendhereke.
Saya suwe wadyabala Pangeran Diponegoro samsaya akeh, kalebu tlatah ing Jawa Tengah lan Jawa Timur. Kahanan kang kaya mengkono iku njalari Walanda wis kuwatir banget. Pimpinane Walanda sing aran Jendral de Kock terus nggunakake cara ngedegake benteng ing tlatah Telukan kang ingaran benteng stesel, kanggo matesi sesambungane para prajurite Pangeran Diponegoro saka tlatah siji lan sijine.
Strategi benteng pranyata ora kasil. Perjuwangan Pangeran Diponegoro malah sangsaya ndadra, nggegilani saha nggegirisi. Walanda terus nggunakake cara licik yaiku ngajak bedhamen karo Pangeran Diponegoro ing Magelang 28 Maret 1830. Nanging Walanda pancen licik, Pangeran Diponegoro dicekel terus dibuwang menyang Manado terus ing Ujung Pandang nganti tumeka sedane tanggal 8 Januari 1855. Ngelingi lelabuhane arep nyingkirake Walanda saka bumi pertiwi, Pangeran Diponegoro pinaringan sesebutan Pahlawan Nasional dening pamarentah Indonesia.