lintangisma
Kocap kacarita, sajroning lelana sawise nglakoni paukuman buwang limalas taun Rama, Sinta, lan Lesmana tekan ing tengah alas. Nalika tetelune isih ngaso, Sinta kaget amarga mirsani sesawangan sing edi peni. Ana kewan kidang kang merak ati, rupane ayu, polahe trengginas, lan kulite awarna mas. Kidang mlayu mrana-mrene mlumpat-mlumpat nggodha ati. Sinta kepencut, pingin kagungan kidang kang endah iku. Mula kanthi temen, Sinta nyuwun marang Rama supaya nyekel kidang kencana iku kanggo dheweke. Rama tresna banget marang garwane, mula kanthi bombonging ati dheweke ngleksanakake panyuwune Sinta.
Sadurunge Rama mbedhag kidang kencana, dheweke pesen marang adhine yaiku Lesmana. “Lesmana, tulung jaganen mbakyumu, sajrone aku mbedhag kidang kencana, keslametane mbakyumu dak pasrahake marang sliramu, aja pisan-pisan kowe ninggalake Sinta dhewekan.” “Sendika dhawuh kangmas Rama, pesenipun kangmas badhe kula estokaken, atos-atos kangmas,” mangkono ature Lesmana.
Sadurunge Rama mbedhag kidang kencana, dheweke pesen marang adhine yaiku Lesmana.
“Lesmana, tulung jaganen mbakyumu, sajrone aku mbedhag kidang kencana, keslametane mbakyumu dak pasrahake marang sliramu, aja pisan-pisan kowe ninggalake Sinta dhewekan.”
“Sendika dhawuh kangmas Rama, pesenipun kangmas badhe kula estokaken, atos-atos kangmas,” mangkono ature Lesmana.