February 2023 1 8 Report
Assalamu'alaikum Wr. Wb. Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Guru ingkang kula urmati, rencang saha adhik-adhik ingkang kula tresnani. Puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat, sarta hidayah. Dene kula lan panjenengan sami saged makempal wonten papan punika kangge ngawontenaken pepisahan. Bapak/Ibu Guru ingkang satuhu kinurmatan, boten kintun kula minangka wakilipun murid kelas 6 ngaturaken agunging panuwun awit saking sih katresnan Bapak/Ibu Guru nggulawenthah lan mulang wuruk dhumateng kawula, saengga kawula saged ngrampungaken sekolah sadangunipun kirang langkung 6 tahun. Bapak/Ibu Guru tuwin adhik-adhik ingkang satuhu kula urmati, sekedhap malih kula sarencang ninggalaken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar Bapak/Ibu Guru saha adhik-adhik. Namung kawontenan kedah mekaten, pramila kepeksa kula sakanca nilaraken Bapak/Ibu saha adhik-adhik kelas sadaya. Makaten atur kawula, inggih punika sepisan ngaturaken panuwun lan ingkang kaping kalih nyuwun pamit badhe nilaraken pawiyatan. Kula sarencang kelas 6 tansah nyenyuwun lan ndedonga mugi-mugi adhik-adhik sageda kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika. Boten kintun ugi kula sakanca tansah memuji dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados Bapak/Ibu Guru saha adhik-adhik pikantuk rahmating Pangeran, wilujeng boten wonten alangan setunggal punapa Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan punika kula pepanjang, pramila cekap semanten atur kula, mbokmenawi wonten klenta-klentunipun kula nyuwun agunging pangaksami. Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

1. Sesorah utawa pidhato ing dhuwur iki ing acara

a. pepisahan kelas
b. rapat pepisahan
C. syukuran lulus sekolah
d. syukuran arep ngleboni ing SMP ​

Life Enjoy

" Life is not a problem to be solved but a reality to be experienced! "

Get in touch

Social

© Copyright 2013 - 2024 KUDO.TIPS - All rights reserved.