October 2023 0 17 Report
GODHONG GEDHANG
Wiwit jaman biyen godhong gedhang digunakake dening masarakat Jawa minangka buntel panganan utamane tempe. Bab iki ditindakake amarga mbuntel tempe nganggo godhong gedhang iku padha karo nyimpen tempe ing ruwangan peteng, dene bab iku dadi salah sawijine sarat nalika fermentasi. Sanajan kanggo mbuntel, kaluwihan liyane godhong gedhang isih bisa sirkulasi udara amarga ana rongga-rongga udarane. Saliyane iku, kaluwihan tempe yen dibuntel nganggo godhong gedhang, kandhungan polifenol kang ana ing godhong gedhang iku bisa dadi antioxidant. Iki padha karo kang ana ing godhong teh. Antioxidant polifenol bisa ngurangi resiko penyakit jantung, pembuluh darah lan kanker. Aroma saka tempe uga bakal luwih sedhep lan ora tengik amarga kandhungan polifenol iki. Kandhungan polifenol uga bisa nyegah thukule bakteri streptococcus lan proses fermentasi bakal luwih becik lan cepet.

Pengemasan bahan pangan nduweni peran penting ing babagan pengendalian saka kontaminasi mikroorganisme tumrap produk panganan. Yen tercemar dening mikroorganisme lan disimpen kang ndadekake bisa luwih cepet, mula bisa ngrusak panganan lan mbebayani tumrap kesehatan. Godhong gedhang nduweni kaluwihan ing babagan alami, amarga ora nganggo bahan kimia. Saka andharan kasebut nuduhake lamun para piyayi biyen sanajan ora sengaja wis nengenake babagan kesehatan.
sebutna isi teks ng dhuwur iku!!​

Life Enjoy

" Life is not a problem to be solved but a reality to be experienced! "

Get in touch

Social

© Copyright 2013 - 2024 KUDO.TIPS - All rights reserved.