August 2022 0 2 Report
Gambar 1.1: Pakeliran Wayang Krucil, sumber doc. pribadi Wayang Krucil kalebu salah sijine kabudayan Jawa kang isih urip lan diuri-uri ing Kabupaten Ngawi, Miturut sejarahe, wayang Krucil cinipta dening Pangeran Pekik ing Surabaya saka bahan kulit lan ukurane cilik, Lan amarga ukurane kang cilik iku anjalari wayang mau diarani wayang krucil kang tegese cilik. Sabanjure wayang Krucil kagawe saka kayu kang tipis ananging tangan wayang tetep migunake kulit. Wayang Krucil uga sinebut wayang "Klithik". Sebutan iku mbok menawa amarga saka unine kayu kang "klithik-klithik" kang sesenggolan nalika wayang dipagelarake. Ing Ngawi, sebutan wayang Krucil luwih kawentar tinimbang sebutan wayang Klithik. Mula bukane wayang Krucil ing Ngawi ngrembaka kanthi turun-tumurun. Wiwit saka jaman Walanda nganti saiki. Ing tahun 1970-an, wayang Krucil saya ngrembaka ing dhaerah Kedunggalar, Paron, lan Karangjati. Nganti saiki wayang Krucil isih tetep urip. Buktine, ing Desa Kedungputri, kecamatan Paron, wayang Krucil isih digelar luwih saka ping sepuluh saben taune. Lakon wayang Krucil iku lumrahe kajupuk saka "Serat Menak" saka Persia. Paraga kang pinunjul yaiku: Amir Hamzah, Prabu Nursewan, Imam Suwangsa, Umar Maya, Umar Madi, lan liya-liyane. Basa Jawa Kelas 7 11golekno Tembung kacambor Soko crito di atas​

Life Enjoy

" Life is not a problem to be solved but a reality to be experienced! "

Get in touch

Social

© Copyright 2013 - 2024 KUDO.TIPS - All rights reserved.