June 2023 1 2 Report
"Dhimas Laksmana sira tega kangmasmu nemahi bebaya, oo... aku ngerti, mesthi sira darbe melik, yen nganti kangmasmu tumekaning pati, sira arep ngalap aku dadi garwamu!". Sang Laksmana dadi kelara-lara atine krungu ngendikane Dewi Sinta, awit dheweke pancen ora duwe pikiran sing kaya ngono, mula terus mangsuli: "Dhuh Kakangmbok Rekyan Sinta, babarpisan kula boten gadhah pepenginan kados ngaten, pramila Kakangmbok kangge mbuktikaken sucining manah kula, sineksenan bumi lan langit kula sumpah badhe ngelampahi gesang wadat salaminipun." "Laksmanaaa ," keprungu maneh swara pangundang saka kadohan. Dewi Sinta sangsaya kuwatir atine. "Kangmasmu ana ing sajroning bebaya, Dhimas, enggal tulungana, age tilikana apa sing kedadeyan!" 41. Apa piwulang sing bisa dijupuk saka pethikan carita ing dhuwur?​

Life Enjoy

" Life is not a problem to be solved but a reality to be experienced! "

Get in touch

Social

© Copyright 2013 - 2024 KUDO.TIPS - All rights reserved.