Fatur116
“PUCUNG” Ngelmu iku : kalakone kanthi laku, Lekase lawan khas, Tegese khas nyantosani, Setya budya pangekese dur angkara. *** Angkara gung; neng angga nagging gumulung, Gegolonganira, Tri loka lekere kongsi, Yen den umbar ambabar dadi rubeda. *** Beda lamun; wus sengsem rehing ngasamun, Semune ngaksama, Sesamane bangsa sisip, Sarwa sareh saking mardi marta tama. *** Taman limut; Durgamengtyas kang weh limput, Kereming karamat, Karana karoban ing sih, Sihing Suksma ngerda sahardi gengira. *** Yeku patut; tinulat-ulat tinurut, Sapituduhira, Aja kaya jaman mangkin, Keh pra Mudha mundhi lapal makna. *** Durung pecus; kasusu kaselak besus, Amaknani lapal, Kaya Sayid weton Mekkah, Pedhak-pendhak angendhak gunaning janma. *** Kang kadyeku; kalebu wong ngaku-aku, Akale alangka, Elok jamane den mohi, Peksa ngangkah langkah met kawruh ing Mekkah. *** Nora weruh; rosing rasa kang rinuruh, Lumebeting angga, Angger padha marsudi, Kana kene kahanane apa beda. *** Uger lugu; den ta mrih pralabdeng kalbu, Yen kabul kabuka, Ing drajat kajating urip, Kaya kang wus winahyeng sekar Sri Nata. *** Basa ngelmu; mupakate lan panemu, Pasahe lan Tapa, Yen Satriya Tanah Jawa, Kuna-kuna kang ginilut Tri prakara. *** Lila lamun; kelangan nora gegetun, Trima yen ketaman, Saserik sameng dumadi, Tri legowo nalangsa srah ing Bathara. *** Bthara Gung; inguger graning jejantung, Jenek Hyang Wisesa, Sanapa senetan Suci, Nora kaya kaya si Mudha mudhar angkara. *** Nora wus; kareme anguwus-uwus, Uwose tan ono, Mung janjine muring-muring, Kaya Buta buteng betah nganiaya. *** Sakeh luput; ing angga tansah linimput, Linimpeting sabda, Narka tan ana udani, Lumuh ala hardane ginawe gada. *** Durung punjul; ing kawruh kaselak jujul, Kaseselan hawa, Cupet kapepetan pamrih, Tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.
Ngelmu iku : kalakone kanthi laku,
Lekase lawan khas,
Tegese khas nyantosani,
Setya budya pangekese dur angkara.
***
Angkara gung; neng angga nagging gumulung,
Gegolonganira,
Tri loka lekere kongsi,
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.
***
Beda lamun; wus sengsem rehing ngasamun,
Semune ngaksama,
Sesamane bangsa sisip,
Sarwa sareh saking mardi marta tama.
***
Taman limut; Durgamengtyas kang weh limput,
Kereming karamat,
Karana karoban ing sih,
Sihing Suksma ngerda sahardi gengira.
***
Yeku patut; tinulat-ulat tinurut,
Sapituduhira,
Aja kaya jaman mangkin,
Keh pra Mudha mundhi lapal makna.
***
Durung pecus; kasusu kaselak besus,
Amaknani lapal,
Kaya Sayid weton Mekkah,
Pedhak-pendhak angendhak gunaning janma.
***
Kang kadyeku; kalebu wong ngaku-aku,
Akale alangka,
Elok jamane den mohi,
Peksa ngangkah langkah met kawruh ing Mekkah.
***
Nora weruh; rosing rasa kang rinuruh,
Lumebeting angga,
Angger padha marsudi,
Kana kene kahanane apa beda.
***
Uger lugu; den ta mrih pralabdeng kalbu,
Yen kabul kabuka,
Ing drajat kajating urip,
Kaya kang wus winahyeng sekar Sri Nata.
***
Basa ngelmu; mupakate lan panemu,
Pasahe lan Tapa,
Yen Satriya Tanah Jawa,
Kuna-kuna kang ginilut Tri prakara.
***
Lila lamun; kelangan nora gegetun,
Trima yen ketaman,
Saserik sameng dumadi,
Tri legowo nalangsa srah ing Bathara.
***
Bthara Gung; inguger graning jejantung,
Jenek Hyang Wisesa,
Sanapa senetan Suci,
Nora kaya kaya si Mudha mudhar angkara.
***
Nora wus; kareme anguwus-uwus,
Uwose tan ono,
Mung janjine muring-muring,
Kaya Buta buteng betah nganiaya.
***
Sakeh luput; ing angga tansah linimput,
Linimpeting sabda,
Narka tan ana udani,
Lumuh ala hardane ginawe gada.
***
Durung punjul; ing kawruh kaselak jujul,
Kaseselan hawa,
Cupet kapepetan pamrih,
Tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.