Dhumateng Bapak / Ibu Kepala Sekolah saha Bapak / Ibu guru ingkang kinurmatan, rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Kawulijengan miwah kabagyan awit saking kanugrahaning gusti ingkang maha agung mugi tansah kajiwo kasariro dhumateng kulo lan panjenengan sedaya.
Sholawat saha salam kalimpahaken Dumateng junjungan kito Kanjeng Nabi Muhammad SAW mugi pikantuk syafa'at Ipun mbenjang wonten dinten akhir.
Kula, wakil saking siswa kelas IX, ngaturkan agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru. Matur nuwun Bapak / Ibu guru, anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga bijak ngrampungaken kewajiban anggen kula lan rencang-rencang ngangsu kawruh wonten pawyatan mriki niki.
Kula lan rencang-rencang penamaan saged di lan donga. Mugi-mugi amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah SWT, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi lulus kanthi biji ingkang sae-sae.
Mboten kesupen, kula lan rencang-rencang ugi nyuwun pangapunten, awit kula lan rencang-rencang asring ndamel Bapak Ibu susah lan kaciwa, awit saking atur saha solah bawa kula lan rencang-rencang ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
Dhumateng Bapak / Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Allah SWT, Amin ..
Penjelasan:

Cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur, kula nyuwun pengampunten