Apa perbedaan antara bahasa jawa ''ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus'' ? Mohon penjelasannya
AnggitaSeveners
Ngoko lugu - ragam panganggone basa Jawa kang dumadi saka tembung ngoko kabeh - biasanane digunakake dening wong tuwa marang wong kang luwih enom, wong kang pada umure, wong kang wis raket, utawa wektu lagi ngomong karo awake dhewek. Tuladha : Aku wis tuku buku basa Jawa
ngoko alus - ragam panganggone basa Jawa kang dumadi saka tembung ngoko kecampuran krama, lan krama inggil - biasane digunakake dening wong tuwa marang wong enom sing luwih dhuwur drajate lan marang sing pada umure mung durung akrab. Tuladha : Adhiku ditumbasake roti dening Hari.
krama lugu - ragam panganggone basa Jawa kang dumadi saka tembung krama kabeh - biasane digunakake kanggo nyritakake awake dhewe lan dinggo ngomong karo wong kang durung akrab Tuladha : Sekedhap malih kula kesah dhateng peken
krama alus - ragam panganggone basa Jawa kang dasare krama lugu, nanging uga nganggo tembung krama inggil - biasane dinggo dening wong enom marang wong tuwa, micara ana sangarepe wong akeh utamane ing pakumpulan, dinggo nalika ndonga. Tuladha : Rikmanipun eyang sampun pethak sedaya
- ragam panganggone basa Jawa kang dumadi saka tembung ngoko kabeh
- biasanane digunakake dening wong tuwa marang wong kang luwih enom, wong kang pada umure, wong kang wis raket, utawa wektu lagi ngomong karo awake dhewek.
Tuladha : Aku wis tuku buku basa Jawa
ngoko alus
- ragam panganggone basa Jawa kang dumadi saka tembung ngoko kecampuran krama, lan krama inggil
- biasane digunakake dening wong tuwa marang wong enom sing luwih dhuwur drajate lan marang sing pada umure mung durung akrab.
Tuladha : Adhiku ditumbasake roti dening Hari.
krama lugu
- ragam panganggone basa Jawa kang dumadi saka tembung krama kabeh
- biasane digunakake kanggo nyritakake awake dhewe lan dinggo ngomong karo wong kang durung akrab
Tuladha : Sekedhap malih kula kesah dhateng peken
krama alus
- ragam panganggone basa Jawa kang dasare krama lugu, nanging uga nganggo tembung krama inggil
- biasane dinggo dening wong enom marang wong tuwa, micara ana sangarepe wong akeh utamane ing pakumpulan, dinggo nalika ndonga.
Tuladha : Rikmanipun eyang sampun pethak sedaya