May 2021 1 75 Report
1. Guru lagu lan guru wilangan larikan pungkasan tembang macapat Kinanthi iku?
A. 7i
B. 8i
C. 10i
D. 12i
2. Nadyan asor wijilipun, yen kelakuwane becik, utawa sugih carita, kang dadi misil, yeku pantes
raketana, darapon mundhak kang budi.
Tembang iku menehi pitutur yen srawung iku miliha wong?
A. pinter lan bebudene becik
B. sugih sanajan ora pinter
C. pinter tur pangkate dhuwur
D. pangkate dhuwur tur sugih
3. Aja pijer mangan nendra.
Tembung nendra tegese?
A. ngombe
B. mangan
C. turu
D. melek
4. Yen wong anom-anom iku, kang kanggo ing masa iki, andhap asor dipunbucal umbag gumunggung
ing dhiri, obral umuk kang den gulang, kumenthus lengus kumaki.
Tembang ing dhuwur mratelakake kahanane?
A. bocah cilik
B. wong wadon
C. wong tuwa
D. wong enom
5. Yen wong anom-anom iku, kang kanggo ing masa iki.
Cuplikan tembang kasebut menawa kagancarake
dadine?
A. tumrape wong enom ing jaman iki
B. tumrape wong enom ing jaman biyen
C. tumrape wong enom ing jaman sing arep teka
D. tumrape wong enom ing sakabehe jaman

More Questions From This User See All

Life Enjoy

" Life is not a problem to be solved but a reality to be experienced! "

Get in touch

Social

© Copyright 2013 - 2024 KUDO.TIPS - All rights reserved.