Cerita Bima Bungkus diwiwiti cerita sedihe Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi. Kacarita, prabu pandhu lan Dewi Kunthi sedhih amarga putrane nomor loro, yaiku Bima lara lan durung ana tambane.
Keadaan kaya mengkono gawe sedhih Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi saengga ngutus arjuna supaya nemoni Begawan Abiyasa ing pertapan rahtawu.
Sanalika iku Arjuna ngadhep sowan marang simbahe, Begawa Abiyasa ing pertapan rahtawu. Dheweke banjur matur bab sedhihe rama ibune.
Begawan abiyasa banjur tindak Astina. Ing kono dheweke ngutus Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi supaya mbuwang bima bungkus ing tengah alas Krendawahana.
Anane bima ing tengah alas, digawe kesempatan karo Kurawa. Pihak Kurawa pura-pura, ethok-ethok mecah si Bungkus. Padhahal mung pengin nyilakani si Bungkus Bima. Bima sing bakal dadi satriya asline sakti. Dadi kabeh senjata ajian saka kurawa ora mempan nimbus utawa nglarani Bima.
Kabar Bima bungkus keprungu tekan kahyangan. Bathara Guru banjur ngutus anake, Gajah Sena lan Dewi Umayi mudhun ing bumi supaya mbantu mecah bungkuse Bima.
Nalika bungkus pecah, dadi perang tandhing antarane Gajahsena lan Bima. Gajahsena dibanting lan mati. Kabeh kekuatane Gajahsena pindhah ing Bima. Dene gadhinge dadi senjata kuku Bima. Sawise iku Dewi Umayi menehi sandhangan marang Bima.
Bima sing nembe mari bingung marang jatidirine. Banjur katemu Semar sing njelasake yen bima iku putrane Prabu Pandhu. Mula dina iku Bima nduwe jeneng Bratasena.
Bima Bungkus