Jawaban:
Isuk iku, bapak lan ibu lagi jagongan nang teras omah. Bapak lan ibu lagi ngomongke babagan Ryan, putrane kang sik tas mlebu SMP.
Bapak: Bu, piye pendaftaran sekolahe Ryan? Opo wis rampung?
Ibu: Wis pak. Lagek tas wingi pengumumane
Bapak: Piye bu hasile?
Ibu: Alhamdulillah Ryan ketompo pak. Jan seneng bocahe.
Gak suwe, Ryan sing lagi teko mancing langsung marani wongtuwane.
Ryan: Assalamualaikum Pak, bu (Ngambung tangane wong tuwane)
Ibu: Walaikumsalam. Kowe wis muleh to le?
Ryan: Nggih bu, sampun
Bapak: Piye le? Kapan mlebu sekolahe?
Ryan: Mbenjing pak. Ryan mlebu ing kelas unggulan pak.
Bapak: Alhamdulillah le. Belajar seng pinter yo le.
Ryan: Nggih pak
Ibu: Wis kono ndang mlebu le. Ibu wis nyiapke maem gawe awakmu. Gek ndang istirahat le
" Life is not a problem to be solved but a reality to be experienced! "
© Copyright 2013 - 2024 KUDO.TIPS - All rights reserved.